Kamis, 11 Maret 2010
Home Peyang Panjul Bebek Lanang apa wadon?
Bebek Lanang apa wadon?
Ditulis oleh Panjul   
Rabu, 12 Agustus 2009 12:20

Winginane jan kebeneran Panjul diseng/dijeki mangan karo batire neng ayam bakar Japang neng daerah dalan Wahidin, Jakarta Pusat. Ora kaya biasane, Panjul pesen bebek bakar karo tempe penyet. Kayane nylekamin pisan ya. Kiye ta agi ora sombong apa maning pamer ya, critane mumpung lagi ana sing mbayari utawa nraktir. Dadine kepingin ngrasaknya rasane bebek bakar (dadi kemutan sate bebek ning Tambak, Banyumas kiye lah). Nek biasane ta ya panjul madhang karo mendhoan karo pecel wis cukup.

Mbuh kenang apa, nek Panjul ketemu kewan sing arane bebek, Panjul langsung kemutan karo Kang Bambang. Lho apa hubungane sih Kang Bambang karo bebek? Apa esih ana hubungan famili? He..he...
Critane kaya kiye.
Kang Bambang kiye batire Panjul neng kantor. Senajan wis dadi pejabat, nanging Kang Bambang kiye beda karo pejabat liane. Wonge alus, lucu, ora gumedhe, andap asor, seneng nulung lan semedulur. Sing genah lucu banget nek Kang Bambang lagi ngomong.  Jere wong-wong ta mbekuthak-mbekuthuk kaya lagi kesuh. Kenthel banget logat penginyongane. Klop banget karo Panjul.


Jebule Kang Bambang kiye termasuk anggota organisasi penyayang  binatang lan pakar perbebekan sing langka. Asline sekang Slawi. Critane, Kang Bambang kiye dong cilike seneng karo kewan sing arane bebek. Ora aneh maning merga wong tuane nduwe bebek nganti ewon cacahe. Lha Kang Bambang kiye kerep angon bebek sekang Slawi butul daerah Karang Lewas (Banyumas) madan ngalor. Mbuh jere desane apa kelalen. Nek bar angon bebek, olih endog akeh banget nganti ora bisa dietung. Senengane Kang Bambang nuturi endog bebek ning sawah.

Nha pas dheweke crita babagan bebek, panjul langsung takon maring Kang Bambang.
Panjul : Wah, jebule Kang Bambang kiye kawit cilik wis dadi manajer ya?
Bambang : Lha pimen sih Njul?
Panjul : Kawit cilik wis bisa angon bebek nganti ewon cacahe.....pada karo manajer.
Bambang : Bisa baen ko, Njul, menungsa ko dipadakna karo bebek. Nek bebek ta gampang diatur ora angel kaya menungsa. Dikon baris ya manut..pada baris dhewek-dhewek....dikon madhang ..ya pada madhang dhewek-dhewek.
Panjul : O..kaya kuwe ta...Nyong takon siki, ganu nek lagi angon kuwe sing digawa bebek wadon thok apa karo bebek lanang?
Bambang : Ya sebagian bebek lanang, akeheh ta bebek wadon. Bisa baen sih nggawa bebek wadon thok, tapi hasile ora maksimal. Melas ta Njul, karo bebek wadon. Mbok kesepian  neng sawah, wong angone nganti sewulan lewih.
Panjul : (kesepian??#!!!X*..) Lha terus..priwe carane nentokna utawa cara milih nek kuwe bebek lanang apa wadon?Apa ora kangelan wong cacahe ewon?
Bambang : Gampang banget, Njul. Tek warahi carane ya....de rungokna temenan... Ilmu kiye kayane ora nana neng buku-buku pelajaran biologi. Carane ta akeh, siji baen ya..tek tularna ilmune inyong nggo rika thok. Carane kaya kiye, Njul.  Langsung baen cekel/demek gulune bebek. Terus diangkat. Terus ditabok, plak-plak(sing alus gole nabok/nganggo perasaan jere). Nek ana suarane.....wek...wek..wek....wek..Lha kuwe tandane bebek wadon. Nek bebek lanang ta meneng baen ora criwis kaya bebek wadon.....

Ujug-ujug Yu Saminem sing kawit mau ning sebelahe Panjul langsung melu ngomong.
Saminem : Kuwe....pada ngrasani inyong ya....nek wong wadon kuwe pancen criwis akeh omongane...kaya bebek...*#@!!!.

Bambang karo Panjul langsung mlayu kapicirit maring warung bebek goreng kidul prapatan!!!!

Nggo Kang Bambang ning Bekasi:  Slamet nglakoni mangsa pensiun, kapanane inyong weruh bebek arep tek praktekna ilmune panjenengan. gelem busung..

Komentar (3)add
0
...
ditulis eliana , 04 December 2009
he..he..lucu temenan, aq dadi ora boring bubar kerja ngenteni udan ora uwis2 pdhl wis wengi, jan kewengen wedi asale aadoh..baline..
0
...
ditulis wong cilongok , 23 November 2009
anana bae yoh?banyumas pancen langka tunggale,nyong bangga dadi warga banyumas,Klilan,klilan,klilan
0
temenan kiye?
ditulis wong jatilawang , 24 September 2009
ha...ha...aa ana -ana bae,penasaran kiye kepengin praktek ngetes bebek lanang wadone.
Tulis Komentar
smaller | bigger

security image
Tulis kode SPAM di atas


busy
LAST_UPDATED2
 

BISNIS TERDAHSYAT