Jumat, 12 Maret 2010
Home Peyang Panjul Yamaha apa Yamahmud
Yamaha apa Yamahmud
Ditulis oleh Panjul   
Selasa, 20 Oktober 2009 11:25

Esuk-ésuk bar subuhan, Panjul ora kaya biasané wis ngguyang motor. Pantes baén wong motor Yamaha né kayongé ésih mambu dealer alias ésih anyar. Bar dienggo sewengi terus kudanan marakna motoré belok lépot kaya kebo bar ngluku ning sawah. Ora let suwé Kang Péyang liwat neng ngarepé.


yang : Banené rajin temen Njul, ésuk-ésuk wis ngedusi motor. Sing duwé ta kayongé malah durung karuan wis adus.
Panjul : Iya kiyé, soalé madan ora kepenak tumpakané nék motor belok lepot ora keton gambaré..
yang : Halaah duméh motor anyar bé....Ngomong-ngomong motoré arané YAMAHA ya Njul?
Panjul : ya iya lah ....top banget mbok.. sing kaya neng Tipi kaé loh Kang.....
Peyang : Aja gumagus ndisit, siki tek takon, motor YAMAHA kuwé asalé sekang ngendi Njul?
Panjul : Ya mesti sekang Jepang ...
yang : Bener. Terus kenangapa koq sekang Jepang ora sekang Arab Saudi?
Panjul : Lha nék kuwé ta inyong ora ngerti....kayané wis sekang kanané asalé sekang Jepang.
Péyang : Ora kaya kuwé, Njul. Sing genah motor YAMAHA kuwé sekang Jepang, lha nék sekang Arab arané ora YAMAHA maning tapi dadi YAMAHMUD !!!!.
Panjul :  !x%*#??...Oalah Kang..Kang...ésuk-ésuk wis ngajak glewéhan....inyong tek ngrampungna golé ngedusi motor ya......ngko glewéhané de terusna....

Komentar (2)add
0
...
ditulis eliana , 04 December 2009
wah...senengnya... menemukan web tanah kelahiranq,jd gini mlm ini aq tu plg kerja rncna mo plg ke purbalingga,soalnya minggu hrs ikut tes Ujian CPNS,sbnernya si..aq ga begitu ngarep bgt lolos tes CPNS, tp demi kedua ortuq yg pengin banget aq.. daftar jd Guru, ya..kulakukanlah demi ortu, berhubung nunggu ujan reda q iseng2 browsing cari2 info ttg PBG eh..ahirnya ku temukan juga, salam kenal
0
...
ditulis candra , 25 November 2009
enyonge seneng pisan koh tesih ana web sing nulis karo basa jawa ngapak. basane pengenyongan karo rika.matur nuwun ya wis mampir wingi.
Tulis Komentar
smaller | bigger

security image
Tulis kode SPAM di atas


busy
LAST_UPDATED2
 

BISNIS TERDAHSYAT