Minggu, 21 Maret 2010
Home Peyang Panjul Caleg apa Caman?
Caleg apa Caman?
Ditulis oleh Panjul   
Rabu, 29 April 2009 16:06
dprOra kaya biasane, Kang Peyang siki seneng mlaku-mlaku kiter-kiter turut gili. Mbuh ana apa lan lagi ngapa Kang Peyang nek esuk sregep temen mlaku2 turut gili karo ndeleng gambar2 spanduk sing siki akeh di pasang ning kiwa tengen dalan. Kayane agi bingung milih gambar spanduk utawa foto caleg sing siki akeh dipasang pating klawir lan semrawut.

Ing sakwijining dina, pas Kang Peyang arep ming Pasar Pon, ndilalah ketemu karo batir kenthel si Panjul.

Panjul     : Lhaaah…banene ngengreg temen enggane Kang…arep maring ngendi kuwe, rika?

Peyang   : biasa Njul, kiter-kiter turut gili karo ndeleng2 gambar.

Panjul    : Ngko ndisit Kang…tek delengna sekang kadohan koh kaya serius temen gole ndelengna gambar-gambar spanduk caleg…ora kepingin nyaleg apa  Kang?

Peyang    : Kepingin sih kepingin….tapi nek inyong ta ngaca Njul…siki abot dadi wakil rakyat..kudu mumpuni....gambare kudu ning ngendi2... Ora kaya gemiyen.

Panjul : Lha terus siki critane, rika agi bingung mbesuk arep milih sapa ya?

Peyang : Pitakonmu kuwe kayane mengandung muatan politis Njul. Ngeneh tek omongi Njul. Kiye serius ya..aja kanda sapa2. Inyong sebenere lagi nggolet-nggolet mbok ana caleg sing cocok nggo anakku sing mbarep. Siki kan kayane calege enom2 lan ganteng-ganteng.

Panjul: Genahe priwe Kang?

Peyang : Critane ngene Njul. Anake inyong kuwe beeeeen dina tembangane dudu tembange Grup musik Ungu utawa Radja (kaya bocah nom-noman siki) tapi malah tembang Ricik-Ricik Banyumasan….sing lirike kurang lewih kaya kiye…

Ricik Gumricik Grimise wis teka
Sedela maning…Ramane wis teka
Nyong kaget..aduh rika mbekta napa
Bungkus pethak iku isi napa..

Rama…rama….
Njaluk soto, sambel uleg…

Njaluk soto, sambel uleg….rama..

Najluk bojo..sing dadi caleg…….


Peyang : Lha kaya kuwe critane Njul..enggal dina tembangane ricik2 banyumasan kaya kuwe. Inyong dadi mumet kiye jebulane kekarepane anakku kepingin dadi bojo Caleg…

Panjul    : Oalah…kang..kang…ujarku agi ngapa ko ngileng-ngileng gambar caleg baen…jebulane agi nggolet caman to rika….!!

Peyang  :  Maksude caman, Njul?

Panjul : Caman ya... calon mantu..!!!

Peyang : *&%*x$#?!! Caleg apa caman ya...????

(Inyonge nyuwun pangapunten kangge pengarang tembang Ricik Banyumasan)

Komentar (0)add
Tulis Komentar
smaller | bigger

security image
Tulis kode SPAM di atas


busy
 

BISNIS TERDAHSYAT